Jumat, Mei 20, 2016

Uniknya Bahasa Jawa

Ternyata bahasa jawa mempunyai kelebihan dalam mengartikan sesuatu, contohnya bisa menggambarkan "bunyi" secara detail dibanding bahasa bahasa daerah lainnya. Uniknya bahasa jawa ini juga bisa membuat menjadi tambah lengkapnya ragam istilah di dalam bahasa jawa.
1. Mak plung = barang cilik kecemplung banyu.
2. Mak blung = barang sedhengan kecemplung banyu.
3. Mak byur = barang gedhe kecemplung banyu.
4. Mak kluthik = barang atos cilik tibo nang barang atos (koyo krikil tibo nang jobin).
5. Mak klothak = barang atos rodo gedhe tibo nang barang atos.
6. Mak gludhuk = barang atos gedhe tibo nang barang atos glondong.
7. Mak glodhak = barang atos gedhe banget tibo nang barang atos.
8. Mak gedebuk = barang empuk gedhe tibo nang barang atos.
9. Mak krosak = barang nabrak / nembus godong-godongan / tetanduran.
10. Mak genduk = barang empuk kena barang empuk.
11. Mak plenyik = barang empuk kepidak sethithik.
12. Mak plenyok = barang empuk kepidak akeh.
13. Mak klunthing = barang pecah belah / wesi cilik kethuthuk / tibo.
14. Mak klonthang = barang pecah belah / wesi gedhe kethuthuk / tibo.
15. Mak krompyang = barang pecah belah / wesi akeh tibo nganti ambyar.
16. Mak clep = barang dowo nebus / nancep barang atos (koyo paku nancep nang kayu).
17. Mak dlesep = barang dowo nembus / nyelip barang empuk (koyo biting nembus pincuk / takir.
18. Mak bleeees = barang dowo nembus / nancep nang barang empuk lan pas banget (oh my goodness).
19. Mak criit = metu sithik.
20. Mak cruut = metu sedengan.
21. Mak croot = metu akeh.
22. Mak erot = gawe gedhe sing cilik.
23. Mak lampir = sing ono nang ceritane lelucon kae.
Nasehat simbah. "Ora kabeh wong pinter kuwi bener ... Ora kabeh wong bener kuwi pinter.
Akeh wong pinter ning ora bener, lan akeh wong bener senajan ora pinter.
Nanging tinimbang dadi wong pinter ning ora bener, luwih becik dadi wong bener senajan ora pinter.
Ono sing luwih prayogo yoiku dadi wong pinter sing tansah timundak bener.
Minterke wong bener kuwi luwih gampang tinimbang mbenerake wong pinter, mbenerake wong pinter kuwi mbutuhke beninge ati".
Sampun, matur nuwun.
Salam,
  

Tidak ada komentar: